Cah Ndeso Buaaangets

NndduuaBLEK puuool..tapi sopo sing ngerti atine ?

More About Me...

nggak pernah getun lahir nang ndeso.

Another Tit-Bit...

tahu lontonge lek srinah sik sedep,huleg huleg'e lek katiyem mambu rujak puedese ra eram.rempeyek kacang mlenthos mlenthos..sopo sing ra kepengen?..

Nakale Cah lanang wis Lumrah

Jarene emak ,aku lahir dino jumat pas jam 12 ,srengengene panas ngentang ngentang ,wayae wong wong podho nang masjid jumatan.
pangananku isih umur 4 sasi wis seneng gedhang dulang di campur kacang ijo.umur 5 tahun wis seneng ngeplaki sirahe koncone,jambaki rambute cah cah wedhok,trus nguyuhi sirahe cah cah lanang...,mboh aku dewe yo ora kelingan masa masa cilikanku.sing samar samar isik tak kelingi aku tahu arep mbacok cah ngarep omahku.ckck ck temperament pancene..tapi aku anak manis..,
aku yo duduk keturunane kriminil utawa maling.mbah mbah ku wonge apik apik...,

30 tahun kepungkur wis kliwat,saiki aku wis dadi wong tuwek(urung nggowo teken),isih sak kuku ireng pengalamanku urip.
kadang nang fikiranku ,kepikir ....urip iki lucu,urip iki misterius,urip iki yo ndancuki,gateli...nanging urip iki endah banget !..kadang yo nggilani ..cuuok !..

Duh gusti ..panjenengan sejatine wonten pundhi? kulo awan bengi madosi panjenengan..,kulo pengen ngendikan kalih panjenengan gusti.kulo badene tangklet..kadospundhi nglampahi urip engkang sejati?..

0 komentar:

Posting Komentar