Cah Ndeso Buaaangets

NndduuaBLEK puuool..tapi sopo sing ngerti atine ?

More About Me...

nggak pernah getun lahir nang ndeso.

Another Tit-Bit...

tahu lontonge lek srinah sik sedep,huleg huleg'e lek katiyem mambu rujak puedese ra eram.rempeyek kacang mlenthos mlenthos..sopo sing ra kepengen?..

jajal salah kaprah salah langkah

Wis dikandhani karo bapa guru,wis di wanti wanti karo bapa ibu,wis di weling karo para dulur..,ngati -ngati lek mlaku ben ora kesandung yo golek dalan sik apik,lek enek watu yo ojo di tabrak ,mundah babak belur raimu,lek enek jogangan yo ojo nekat di lompati lak ora iso ngukur kekuatan sanggup mlompat opo ora.senengamu jajal jajal,neng ora gae teori,senengamu pancen golek resiko gedhe,ora gae pertimbangan.Utekmu kok deleh neng dengkol opo piye ?Ngerti o saiki..Urip iki gampang gampang angel...,wong liyan iku senenge ngguyu lak weruh liyane ke-jlungup..,ethok ethoke nulungi nanging bar kui njengkakne..,
piye saiki? lak wis jajal jajal raimu benjut koyo ngono..wis kapok opo durung ?..saiki ngerti tho kowe?endi setan endi iblis endi malaikat lan endi Gusti ?...lak durung ngerti raupo banyu peceren sik nang mburi omah kono,opo ndulit tlethong..
ancene kowe kuwi podho koyo keledai ..sing senengane kecemplung nang jogan sing podho..

Wis ra sah kakean cangkem..,saiki bukaken atimu ,bagusno meneh atimu koyo naliko bayi tas lahir,tanganmu kuatno meneh,terus gawe sabuk sing siset..,mlaku langkahe sing mantep...raimu ngetne ngarep..mripate di buka di resike ra sah lirak lirik...,sing manis urung mesti manis iso malah iku racun...sing pahit urung mesti buah mojo ,..nanging iso ugo iku wohe trembesi lak kok pangan ..malah iso ngedohne nyamuk soale getihmu pahit.
wis yo..ngono ae dhisik..ngati ngati..eling..Marang Gusti

0 komentar:

Posting Komentar